TANGGAP WACANA MEMPENI PEPISAHAN MURID


Assalamualaikum Wr. Wb. Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kulo bekteni. Raka kelas tiga ingkang kulo tresnani Pudya puji pudyastuti katur dumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angkluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kula panjenengan sami. Raka kelas tiga ingkang satuhu kulo bakteni. Kulo minongko wakli keals kalih saha kelas setunggal, ngaturaken sagunging panguwun. Dene raka kelas tiga sampun ikhlas maringi pitedah-pitedah saka bimbingan ingkang boten naming sekedik paedahipun. Raka kelas tiga ingkang kulo tersnani, kulo tansah ngaturaken sewu maturnuwun kalih panjenengan sami ingkang sekedap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan nami sekolah puniki
Raka kelas tiga, mugi-mugi ingkang gadah angkah badhe nglajengaken wonten ing pawiyatan sageda katampi lan ingkang badhe langsung nyambut damel sagedo enggal angsal pendamelan ingkang trep kaliyan pangertosan ingkang sampun dipunangsu wonten ing pawiyatan punika Kulo cekapi atur panampi pamitan punika menawi wonten kiranging atur, kulo tansah nyuwun agunging pengaksama Waalaikumsalam Wr. Wb. Nuwun